UPACARA ADAT LAMPET ( BENDUNG KALI )

MITURUT CERITANE PAK TAMSIL.

Wektu aku sekolah ing Ngayogyakarta Hadiningrat, aku diwulang salah sakwijining priyayi sing asmane Aner Tamsil, sing daleme sak wetan Stadion Mandala Krida Ngayoyakarta, piyambake mulang pelajaran PKK.

Sak wijine dino, aku sowan ing daleme,wektu kuwi dino Minggu. Langsung aku diajak mlaku-mlaku   ngubengi Stadion Mandala Krida. Karang yo isek esuk-esuk angine isih seger, srengenge yo cerah, ndadekake asik ing esuk iku. Sambi ngobrol macem-macem nganti lali wayah. Bareng wis saya kesel, tur wis kentekan sing diamongke, piyambake lagi takon asal usulku. Bareng tak wenehi ngerti menowo aku kang seko Gelaran, Bejiharjo, Karangmojo, Gunungkidul, piyambake kaget mbanjur crita meneh nganti dowo banget. Critane koyo ing ngisor iki.

Sopo tambuh sapa weruh ing deso gelaran ono pawongan kang dugal kewarisan, doroning sebodo sing sebutane Mbah Riwut asal usule saka ngendi ora ono wong kang iso nyeritakake.

Sawijining dina ono kayu rubuh nutupi dalan limitan sak duwure clangap kali nggedhong. Kayune gede banget umpomo digugurke gunung kio-kiro sepuluh wektu sedina kanggo nyingkrehke kayu mau ben ora nutupi limitan, nanging deneng Mbah Riwut mung digeret dewe supoyo ora nutupi dalan, kayu mau dadi ora nutupi dalan, dadi nutupi kali utowo malang ing kali sak ngarepe clangap nggedhong, sakhinggo ngalangi iline banyu, opo meneh pangpange kang akeh podo kanggo cemanthel uwuh-uwuh kang podo keli. Mulane san soyo suwe san soyo akeh uwuhe sing cemanthel, njalari san soyoagung banyune kali kono suwe-suwe nganti mili ing tegalan sak kulon lan wetan kali kono mikir menowo wektu ketigo biso mbendung kali kuwi sak perlu kanggo gawe setrenan.

Wiwitane pepenginan nggawe setrenan mau among dadi omongan sadengan papan soyo suwe nyebar soyo ombo, mulane keprungu dening Ki Joyoboyo tanggap opo kang dadi karepe wong-wong mau Ki Jogoboyo nuli taren karo Mbah Riwut nyatane Mbah Riwut ugo ngayogyani. Mulane nuli nglumpukake sak wenehwwong saperlu metoakedino kanggo miwiti bendung kali mau.

Sawijining dino kang wis ditemyokake, bareng-bareng nuli ngumpul ing papan kuwi sawise podo ngumpul nili nyambut gawe bebarengan nggawe bendunga kanthi kekuatan kayu rubuh mau(wote). Nanging ono kedadeyan sing ora kenyono nyono, saben nggaruk uwuk ono ulane, mrengkal watu ono ulane, kono kene kedadeyan koyo mangkono iku nganti ora sak baene nganti nggilani. Dumadakan Ki Jogoboyo dawuh “ Wis lur, sedulur saiki leren disek, sesuk diadani meneh, ora orane yen ora kelakon.” Wektu kuwu mbanjur podho leren olehe nyambut gawe, ndang bali neng papane dewe-dewe. Kedadeyan iku dadi omongan ing sak ndengah papan.

Sawijining dino Ki Jogoboyo ketemu karo wong wadon kang ora gelem disebut jenenge. Wong mau maringi syarat supoyo papan kang bakal dibendung ora ono ulane, kang arupo buntelan kertas supoyo dicemplungake mbanyu kang bakal digarap. Ki Jogoboyo sajak ora percoyo nanging bareng nemoni Mbah Riwut tetep woro-woro menowo sesuk pageweyan mbendung kali bakal diadani meneh.

Dino candakake, bareng wong-wong kang bakal nyambut gawe ngumpul, buntelan sing nyaosi wong wadon wingi dicaoske Mbah Riwut. Mbah Riwut mesem karo mangut-mangut nuli clatu:” Gilho sedulurku kabeh kanyoto sarate kuwi gumantun marang awake dewe, supoyo nduweni ati, clathu panemu, lan tingkah laku kang enak sarto kapenak kanggo sopo wae, nitik sarate sarem kang digoreng sangan opoto saweneh pangan kang diwenehi sarem saukur ora tanbah enak?” Mbah Riwut nuli jumangkah nyawurake uyah mau neng papan kang bakal digarap karo ngendiko: “ Nadayan sing kepiye wae, mugo-mugo kanthi uyah iki sopo wae kang nggunakake babyu soko bendungan kene  iso slamet deneng gegremet iku, mbanjurmarentah: “ Sampun loor pagaweyan saget pun adani.”

Sapisan akeh kang podho mamang, was-was kang gilo gek-gek isih ono. Nanging bareng soyo suwe sansoyo mantep olehe podho nyambut gawe, sebab jan ora ono blas siji sijio ulo kang mapan ing kono. Akeh wong kang podo deleng podho gumun lan banjur menyang endi ulo-ulo kang atusan wingi?, mulane akeh wong niru menowo ono ulo nuli disawuri uyah.

Bareng wis ora ono opo-opo, sing podho nyambut gawe ora saben dino meneh. Saben dino diayahi tanpo kroso kesel lan loyo. Awit ing panganen-angen ming siji yoiku “loooorr? Gethuk senthe…” wangsulane sing podho kumpul meh bebarengan koyo diabani wae, karo podho guyu seneng. “ Yen mengkono gethuk senthe ojo ditinggalakemenowo nyambut gawe ing kene nyatane nguripi.” Clathune Mbah Riwut. Sak wise iku ndang podhonyambut gawe kanthi lego lilo , guyup rukun lan seneng-seneng.

Bareng pagaweyan tekan tengah-tengah, banyune sansoyo roso hinggo bendungan keli-keli wae, mulane akeh wong kang podho bingung. Dumadakan ono kang duwe penemu, menowo iline banyu didadekake siji utowo digawe genter. Olehe nyumpet genter iku yen bendungan kabeh wis rampung, dadi nyumpete banyu keri dewe. Panemu iku banjur podho dienut. Sawise bendung kabeh wis rampung mung kari gentere, nuli diadani mepet genter. Nanging saben genter dipepet malah nggondol bendung liyane, dadi geter soyo ombo, diambali bola bali mangkono terus ngantipodho jengkel, meh-meh podho mutung.

Weruh kadadeyan kang koyomangkono Ki Jogoboyo nganti ora dipenggalih ngendiko: “ Yen kelakon mepet  genter iki nganti banyune biso ngaggo tetanen, ayo podho mangan bebagengan ing papan kene”, “ Saguuuuuhh..!” semaure sing podho miring pangandikane Ki Jogoboyo meh bareng. Paribasan oleh ngendikan during nganti mingkem, keprungu suoro soko duwur clangap.” Menowo arep kuat, yen mateni nyowo kuwi kudu kanggo nyowo.” Kabeh kang ono kono podho cingak deleng sak nduwure clangapane wong tuwo liwat mangetan nanging ora gelem mandheg, mung bablas mboh ngandi parane. Kabeh wongkang ono neng kono pra onosing mangerteni sopo sak jane wong mau, nanging ucapane wong mau dadi pemikirane wong-wong sing gugur gunung ing kono. Durung nganti ono kang nemokake werdine omongane wong towo mau, panggaweyane keburu podho leren sesuk diadani meneh.

Dino candake, sawise akeh kang podho ngumpul, sing dirembuk yo mung omongane wong tuwo wingi, gek opo werdine yen mateni nyowo kudu nganggo nyowo kuwi?” opo banyu mili iku dianggap nyowo? Ojo-ojo sing mepet genter nganti tekan patine. Opokang dadi penggalihe Ki Jogoboyo wektu kuwi langsung ngendiko: “ Sopo kang sanggup mepet genter tak opahi jago kelangenanku siji.” Kabeh mung podho meneng , ing atine podho was-was, mumg podho matmatan siji lan sijine. Wektu kang lagi tegang iku Mbah Riwut malah tlonyor nyander wong lagi ngiles dilele, nuli clathu, “ Yu….. sampeyan ngumbah nopo?,” dangsul Mbah wangsulane sing ditakon “ arep kanggo ngopo?” pitakon maneh “ damel tempe mbah “ wangsulane singkat. Mbah Riwut banjur bali ing papane lungguh nuli ngendiko “ galo …………… delenge wong kang ………….. dhele kae, lagi garap ……. mongko …………. ………….. ……… ndhele sing arep ….. mulane sesuk yen kelakon genter dipampet mbajur genduren neng kene, aku ora seneng yen ngaggo tempe’’ “ lha nek ngono lawuhe sing asli seko kebon sing ora ngaggo duduh. Wong nyambut gawe neng banyu wae.” Ki Jogoboyo mangsuli. “ Lha lawuhe nopo mawon?”pitakon wong okeh meh bareng. “ Sing paling cocok sego liwet sambel manding!” Mbah Riwut nimbrung. Lagi mangkono ono salahsijine wong mbengok sajak jengkel,” arep mepet genter wae….ono sing wani, malah podo ngetung panganane wae, mbok yo iki gek sopo sing arep njegur?”, “ bareng-bareng wae yuukk!!, nek mati yo ben wong akeh”. Ana kang ngajank mangkono.

Sing imbal wae ono semene sak wontoro nganti nyenyel koyo orong-orong kepijet. Ana pawongan kang ngadeg nuli clathu “Kulo sagah ki…….. sak umpami kulo pejah kepepet genter…………… saget ngingoni…….. ………. sami ngginakaken toyo meniko, nanging ………….. tetep kulo suwun sak meniko. “ O…. yo.. yen sliramu tekan pati, anak putumu tak gawe bedho wektu keduri/ mangan bareng ing kene”  Ngendikane Jogoboyo banjur jago kapasrahake pawongan mau, nuli lungguh ing sak duwure genter karo umak umik mboh opo sing diomongake ora keprungu sopo wae. Ndang nglumpukake watu kang wis disediake, nuli jago ……. godheng langsung pawongan mau noto watu kang wis dicepakake nuli kepepet jago kang dibuntel godhonglangsung sel…… genter kepepet banyu mampet. Bareng digremengi kiro-kiro wis kuat, pawongan mau nuli nglangi munggah. Sing podho deleng kabeh lego, singmaune mekak ambegan gek-gek pawongan mau kepepet  genter.

Pendak dina banyu wis mili neng tegalan sak kiwo tengen kali kono. Ki Jogoboyo nuli dawuh menowo sesuk mangan bareng ing papan kono. Mangan bareng iku kasebut kenduren. Prastowoku mbanjur disebut kenduren mepet, kanggo larasing tembung disebut kenduren  Lampet.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: